Trenyuh
"SAKA ngendi Bul, kok nganggo klambi ireng-ireng?" pitakone Mas Behi marang Kabul.
"Nyandhang ireng-ireng ngene genah layat ta Mas Behi, rak ya ra mungkin njagong manten," jawabe Kabul.
"Weh, ditakoni apik-apik kok jawabe sengol."
"Ora sengol Mas Behi, ning aku ki isih trenyuh tenan karo sing tak layati mau."
"Kadingaren Kabul isa trenyuh atine, mantanmu pa piye sing mati?"
"Mantan piye, wong lanang kok mantan. Dheke kuwi kanca cedhak, kanca gulang-gulung seka cilik. Ha sing marai aku trenyuh, kok isa-isane dheke nganti tegel ngendhat. Kamangka anake isih cilik-cilik."
"Ooo...dadi kancamu kuwi mati merga nglalu ta. Ya bener nek kowe nganti trenyuh. Aku melu bela sungkawa ya Bul."
"Matur nuwun. Ora ngira tenan lho Mas Behi nek wonge isa nekat kaya ngono, lha wong rong dina kepungkur aku isih ketemu kaya ora ana apa-apa kok. Malah gegojegan kaya biasane."
"Lumrahe mengkono Bul. Jenenge wong nglalu kuwi rak ya ora nganggo dirancang, ning dadakan sak dhet sak nyet. Pancen ana sing wis niat, wis dipikir dawa, mula banjur gawe surat wasiat barang."
"Wah iya, Mas Behi ngomong surat wasiat aku dadi kelingan. Muga-muga dheke ya gawe."
"Apa urusane karo kowe?"
"Penting kuwi Mas Behi, sapa ngerti nek surat wasiate nyebutke yen utange marang aku kon mbayari warise."
"Dadi kowe isih ana urusan utang piutang?"
"Isih Mas Behi, sesasi kepungkur nyilih aku sepuluh ewu nggo tuku bengsin."
"Semprul kok kowe ki Bul, jare rumangsa trenyuh kok utang sepuluh ewu wae isih dieling-eling. Wis diikhlaske wae, men padhang dalane kancamu neng alame kana." *
Tidak ada komentar:
Posting Komentar