Kluruk
"MRIPATMU kok abang, mau bengi keplek apa kurang turu kowe Bul?" pitakone Mas Behi marang Kabul."Aku wis ora tahu keplek, Mas Behi. Kapok tenan aku sak ploke tau digrebek polisi ndhisik kae. Wis pisan wae ngrasakke nginep neng Polsek," jawabe Kabul.
"Dadi merga kurang turu mripatmu mbiyuyut kuwi?"
"Piye le arep isa turu, nek lagi mak ler sedhilit-sedhilit ana sing ngganggu."
"Sopo sing ngganggu, bojomu?"
"Mendhing nek diganggu bojone, lha iki sing ngganggu pitik je."
"Pitik kok ngganggu wong turu."
"Tenan je Mas Behi. Jagone Kemin kae lho, lha wong kluruk kok ora nganggo wektu. Umume jago ki rak kluruk saben wayah esuk, lha iki kok bengi-bengi wancine wong turu jur klurak-kluruk."
"Ndhisik pancen jago kluruk wanci esuk, kanggo pertandha yen wis pandhang, srengengene wis arep njedhul. Lha sak iki, lampu listrik wis kencar-kencar, jagone rak ya dadi bingung, kapan dheke le kudu kluruk."
"Alah Mas Behi ki ana-ana wae. Ning apa bener kandhane wong-wong mbiyen ya, yen ana jago kluruk wayah bengi kuwi pertandha bakal ana prawan meteng?"
"Kuwi gugon tuhon, Bul. Percaya kena, ora percaya ya ora apa-apa."
"Lha Mas Behi dhewe, percaya ora?"
"Nek aku ya kuwi mau, percaya ra percaya. Kowe percaya ora, Bul?"
"Aku genah ora percaya. Wong nyatane jagone kluruk apa ora kluruk, tetep wae akeh prawan meteng."
"Huus, nek ngomong mbok ora waton."
"Ora waton piye to, coba dipikir Mas Behi, upamane ora ana prawan meteng, suwe ning suwe pendhudhuk dunia teneh entek."
"Yoooh, sak karepmu leh arep ngomong, Bul." <B>*<P>
Tidak ada komentar:
Posting Komentar